MUSIC

Friday, December 20, 2013

Aku Ora Mesthi Kaya Kowe

Aku Ya aku,
Aku dudu kowe,
Nanging sejatine ako karo kowe ya padha.
           
Aku kowe ya manungsa,
Nduwe ati lan rasa,
Ya padha nduwe akal lan pikiran,
Kabegjan kang nyata iku dadi pangimpen,

Ananging,
Ngapa kowe seneng terus aku ora?
Ngapa aku entuk lelara lan sedih, kowe ora?
Ngapa akeh kang tresnan karo kowe, aku ora?
Ngapa aku kok ora pinter kaya kowe?
Ngapa......? Ngapa......?

Aku ora iri karo kowe,
Getihku ya ora mundhak luwih,
Uwis...Tak trimakke iki,
Aku sadhar, aku dudu kowe,
Iki dalanku, iki uripku
Aku ya aku,
Kowe ya kowe,
Aku ora mesthi kaya kowe ta !!
Ora sampurna, yaiku aku!

Dening : Aulia Nur Utami
2010-04-30

6 comments:

Pantai Yogyakarta